Showing posts with label cinta. Show all posts
Showing posts with label cinta. Show all posts

Thursday, June 11, 2015

Kuncup mawar sagagang


Kuncup mawar sagagang
puspita endah arum angambar
megar semarak ngrenggani bumi iki
eman thukul ing grumbul peteng lelimengan
kagubel eri lan pasuketan

R.A. Kartini putri ayu kembange pertiwi
merak ati luhur ing pambudi
alus anteng merbawani
cerdhas trampil wicaksana
lahir ing satengahing mendhung peteng angendanu
nalika kaum wanita karegem kenceng ing adat pingitan
wanita tan kena ngudi kawruh ngangsu kapinteran
wanita tan kena mlebu ing pawiyatan
wanita tinitah asor tanpa aji

R.A. Kartini darbe gegayuhan lahur minulya
pengin ngentasake kaum wanita saka adat kuna
pengin ngentasake kaum wanita saka adat pingitan
pengin ngentasake kaum wanita saka jurang kasangsaran

Kuncup mawar darbe tekad kuat
wani miyak grumbul pepetenge jaman
ndhobrag lawang pingitan
rawe-rawe rantas malang-malang putung
wanita nduweni hak kang padha klawan priya

Gusti paring sunar pepadhang
gegayuhane kuncup mawar bisa kasembadan
wanita bisa oncat saka jurang kasangsaran
wanita nduweni hak kang padha klawan priya
eman…durung nganti tuntas ing samu barang
katerak garising pepesthen
kuncup mawar sagagang kapunthes ludhes pepes
tumiba kumleyang

ajur ngrungkebi bumi

sumber. Majalah Penjabar Semangat

Tuesday, June 9, 2015

Lelakon Seragam Putih Biru

Dina iki…
Nalika aku mlebu ruwangan iki,
Gegambaran crita kang kawuri
Kaentha cetha,
Kadya kipas ngawe-awe ing angenku
Nalika sliramu lungguh ing bangku iku
Nganggo sragam putih biru
Wolulas taun kepungkur
Nalika sliramu takon
Sapa kenya sakelas iki kang kumisen?
Sebel, sengit, gela…
Surake kanca gawe wirange ati
Geneya setengah taun candhake
Nawalamu teka ndalidir
Nelakake kayungyunmu
Nanging ati iki wis daktutup rapet
Nganti seprene
Kekancan iku prayogane
Sepira gedhene katresnanmu
Amung sliramu kang nyumurupi
Kagawa terus namaku ing yogamu

Amung sliramu kang mangerteni

Monday, June 8, 2015

Semplah

Mitra Nelangsa ing Mungkid
Rong puluh taun kepungkur
Rikala kita prasetya ing ngarep na’ib
Sliramu bakal setya mecaki ngaurip
Runtang-runtung bebarengan tanpa sisip
Ananging…
Sedyamu iku apa mung lamis
Meruhi kahanan sak nyatane atiku pengin nangis
Jebul awakmu mbok iris-iris
Ragamu kok wenehke aku
Nanging atimu…
Kok selehna wong liya
Aku semplah
Dhiajeng…
Aku keranta-ranta
Iki salahku amarga ora pana
Utawa awakku kang ora satriya
Menangi sliramu gandheng priya liya
Ananging mung tak jarna tanpa suwala
Dhuh Gusti kula nyuwun sabar
Mugi ati kula pun paringi jembar
Gesang bebrayan paringi lancar

Langgeng sak lawase mboten bubar

sumber. Majalah Penjabar Semangat