Showing posts with label cerita berbahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label cerita berbahasa jawa. Show all posts

Wednesday, June 3, 2015

Dempu Awang (Cerita Batu Balai)


Pisan wanci, enten gesang ing petani sepuh kaliyan anakipun, Dempu Awang.piyambake sedaya miskin sanget. mukawis dinten, dempu awang wicanten dhateng ibunipun, "kula kersa berlayar uga nyagedaken kathah arta." Paraestri sepuh punika sedhih sanget piyambakipun ngajengipunaken anakipun kesah. tulung ngatos-atos. "criyosipun dhateng anakipun. "kula badhe salajengberdoa konjuk samang.

Dempu Awang dados satiyang panyeganten, piyambakipun berlayaruntukbanyak panggen. saksampune nyambut damel salebetipun nduwe taun-taun, piyambakipun dados jangkauan panyeganten. piyambakipun nggadhahi baito ageng kaliyan gangsal layar. piyambakipun nggadhahi kathah sailormennyambut damel konjukipun. piyambakipun nggadhahi griya ageng uga semah ingkang elok.

Kathah tiyang kersa kepanggih kaliyanipun. ibunipun ugi kersa baitonipun. piyambakipun kersa ningali piyambakipun. nanging Dempu Awang mboten ngakeni ibunipun. "mboten, ibu kula mboten sepuh uga miskin kados samang," bengkokipun ". "mangga kesah radin, ningal, kula gadhah griya ageng uga semah ingkang elok. estri sepuh punika sedhih sanget, piyambakipun kesah datheng griya. sakmenika piyambakipun mboten kersa berdoa konjuk DempuAwang malih.

Baita awiti berlayar malih. dumadakan enten strom ageng. Gelombang agengmenghantam baita. baita mlebet datheng datheng tenggelam. punika kesapih datheng pantai uga dados sela. sakmenika, sela taksih saged dipunningal ing celak Mentok, ing Pulau Bangka. Hal niki kanaman "sela Balai".

Terjemahan :


Sekali waktu, ada hidup di petani tua dengan anaknya, Dempu Awang. Mereka sangat miskin. Suatu hari, dempu awang berkata kepada ibunya, "Saya ingin berlayar dan mendapatkan banyak uang." Para wanita tua itu sangat sedih dia membiarkan anaknya pergi. Tolong hati-hati. "Katanya kepada anaknya. "Aku akan selalu berdoa untuk Anda.

Dempu Awang menjadi seorang pelaut, ia berlayar untukbanyak tempat. Setelah bekerja selama bertahun-tahun, ia menjadi jangkauan pelaut. Dia memiliki kapal besar dengan lima layar. Dia memiliki banyak sailormen bekerja untuknya. Dia memiliki rumah besar dan istri yang cantik.

Banyak orang ingin bertemu dengannya. Ibunya juga ingin kapalnya. Dia ingin melihat dia. Tapi Dempu Awang tidak mengakui ibunya. "Tidak, ibu saya tidak tua dan miskin seperti Anda," teriaknya ". "Silakan pergi jalan, lihat, aku punya rumah besar dan istri yang cantik. wanita tua itu sangat sedih, dia pergi ke rumah. Sekarang dia tidak mau berdoa untuk Dempu Awang lagi.


Perahu mulai berlayar lagi. Tiba-tiba ada strom besar. Gelombang besar menghantam perahu. Perahu masuk ke ke tenggelam. Itu tersapu ke pantai dan menjadi batu. Sekarang, batu masih dapat dilihat di dekat Mentok, di Pulau Bangka. Hal ini disebut "Batu Balai".

Sunday, September 28, 2014

LEGENDHA WANA KETHU LAN WONOGIRI

Nalika jaman krajaan Demak wonten sawijining resi sekti kanthi asma ki kesdik wacana. Priyantunipun lenggah piyambakan wonten satunggaling guwa ingkang kalebu dalem jajaran giri sewu. Giri punika dipun ubengi wana ingkang katha kaliyan wit-witan kanthi ronipun ngrembuyung saha kahananingkang endah . boten kaget manawi panguwasa demak nalika wektu punika ndadosaken minangka wana wisata ratu saha panggenan kangge pados rajakaya, ing wektu2 tinemtu, karawuhan boyongan ratu kanthi pangiring saha senapatinipun. Piyambakipun pados rajakaya ingkang utama nggih punika kidang. Perangan kasil saking pados kidang kalawau wonten ingkang dipun telasaken ing panggenan saha saperangan malih limrahipun dipun asta kondur dhateng karaton. Patilasan panggenan kanggo seneng-seneng kalawau ing pungkasanipun dados sawijining desa ingkang sapunika dipun paringi nama desa seneng. Ingkang hanggadhai werdi panggenan kangge seneng-seneng. Ngantos sapunika panggenan punika taksih wonten
Wonten ing sawijining dinten Raja Demak ngirim duta ingkang nama Raden Panji kangge manggihi Resi Ki Kesdik Wacana. Lumantar dutanipun, raja nyuwun dhateng Ki Kesdik Wacana supados Mbekta pinten-pinten kidang ingkang badhe dipun dadosaken ingon-ingon wonten karatonipun. Ki kesdik Wacana nyagahi panyuwunan kala wau. Kanthi kasektenipun KI Kesdik wacana nglebetaken kidang-kidang kala wau dating bumbung, bolongan wonten pucuk pring kala wau lajeng dipun sumpet. Bumbung kala wau lajeng dipunparingaken dhateng Raden Panji kanthi piweling.
“Raden Panji, bumbung punika isinipun kidang-kidang ingkang dipun kersakaken dening Gusti Prabu. Sengaja kula lebetaken dhateng bumbung punika supados Raden Panji gampil anggenipun mbekta. Amargi lelampahan saking mriki dhateng karaton lumayan tebih. Ananging panjenengan emut-emut piweling kula, ampun pisan-pisan panjenengan mbikak bumbung punika ngantos bumbung punika dumugi wonten ngajengipun Raja”.
“Matur nuwun bapa Resi, kula badhe ngemut-emut piweling kalawau” ngendikanipun raden Panji kanthi agunging pakurmatan.
Wonten ing margi dhateng Demak, penggalihipun Raden Panji dipun kebaki dening maneka warna pitakenan ingkang boten saget dipun wangsuli dening Raden Panji piyambak.
Miturut panjenenganipun boten lemebet ing nalar bilih kidang-kidang ingkang dipun kersakaken Gusti Prabu dipun lebetaken dhateng bumbung. Punika sanget boten tinemu ing nalar. Sanadyan makaten, raden Panji tetep emut dhateng piwelingipun Ki Kesdik Wacana supados boten mbikak bumbung kala wau ngantos dumugi ing ngarsaniun Raja. Raden panji lajeng ngurungaken niyatipun badhe mbikak bumbung kala wau.
Wonten ing margi, amargi sayah raden panji leren wonten wana jati ingkang ketel. Nalika ngicalaken sayah kalawau, paningalipun raden Panji terus ningali bumbung kanthi rasa ngungun. Amargi terus ningali bumbung kalawau, lajeng raden Panji mbikak bumbung kala wau kangge magertosi isinipun. Ananing nalika sumpet dipun bikak, Raden Panji kaget sanget ningali kedadosan ingkang boten limrah. Kanthi ndomblong, sakala-kala saking bumbung kalawau medal kewan alit ingkang sansaya dangu sansaya ageng. Nyata kewan-kewan kala wau inggih punika kidang ingkang cacahipun 16 iji utawi 8 pasang. Lan sadaya kanthi trengginas mlebet dhateng wana malih.
Raden Panji lajeng tangi saking kagetipun kalawau, lajeng enggal-enggal lumayu dhateng wana kangge nggacar kidang-kidang kalawau ngantos kopiahipun dhawah wonten siti. Ananging panjenenganipun boten nggatosaken kedadosan punika. Sanadyan anggenpun nguyak kidang kalawau muspra. Sanget anggenipun sedhih kaliyan getun raden Panji amargi grobohipun punika. Raden panji among saget dhawah tundhuk isin kaliyan lemes. Boten ngertos badhe napa malih. Badhe kondhur dhateng Demak ajrih kaliyan murkanipun Raja. Badhe wangsul dhateng Pertapan Ki Kesdik Wacana ajrih dipun uneni.
Bejanipun Ki Kesdik Wacana ingkang sekti saget enggal ngertos kadadosan punika. Awit saking punika Ki Kesdik enggal nusul. Wonten ing margi anggenipun nusul Raden Panji, Ki Kesdik nemokaken kopiahipun Raden Panji ingkang dhawah. Resi sekti punika ngendika, “duh bumi lan langit seksenana yen wiwit dina iki papan iki tak wenehi jeneng WANA KETHU”. Ngantos sapunika naminipun Wana Kethu. “wana” tegesipun alas lan “Kethu” tegesipun kopiah.
Boten dangu Ki Kesdik Wacana enggal nemu panggenanipun Raden Panji. Ningali karawuhanipun Ki Kesdik Wacana, Raden Panji kaget sanget.
“Ampun Bapa, kula sampun lancang mbikak supet bumbung punika lan ndadosaken kewan-kewan ingkang wonten bumbung medal sadaya. Sapunika kula pasrah nampi paukuman saking Bapa Resi”. Ngendikanipun Raden Panji.
Mireng pangandikanipun Raden Panji, sang Resi rumaos welas ananging ingkang lepat kedah nampi paukuman.
“Raden Panji, panjenengan mangertosi bilih sejatosipun penjenengan punika sulihsalira saking raja ingkang sampun dipun paringi welingan. Eman sanget panjenengan boten saget nindakaken welingan punika. Awit saking punika panjenengan kedah pikantuk paukuman. Wiwit dina iki kowe aja wujud manungsa, ananging kowe dadia kidang wulung sing nunggu alas iki” pangandikanipun Bapa Resi.
Sabibaripun Bapa Resi ngucap kados makaten, sakala-kala donya dados peteng dhedhet lan wonten langit kapireng suara gelap nyamber-nyamber. Sadaya kados dados seksi punapa ingkang dados pangandikanipun Bapa Resi. Pancen leres kadadosanipun. Sakala-kala Raden Panji ingkang asalipun manungsa malih dados kidang lanang ingkang gagah sanget kanthi wulu wulungipun. Raden Panji ingkang sampun dados kidang punika nangis lan timpuh wonten ngajengipun Resi sekti punika.
“Pidana punika awrat sanget tumrapipun kula, Bapa. Mugia panjenengan kersa ngicali”. Panyuwunipun kidang wulung kadadosanipun Raden Panji. Ananging getun namung kantun getun, Raden Panji kedah nglampahi urip enggal dados pangarsa pacangan-pacangan kidang ingkang riyin dipun iculi wonten Wana Kethu.
Sasampunipun kadadosan wonten Wana Kethu punika, Ki Kesdik Wacana minggah dhateng inggilipun punthukan alit boten tebih saking mriku. Sasampunipun dugi wonten pucukipun punthukan punika, panjenenganipun pinarak sakedhap kangge ngunguni kaendhahan alam sangandhapipun.
“punthukan iki endah banget. Mbesuk yen ana rejaning jaman, punthukan iki tak wenehi jenen gunung Giri. Dene kali sing mili ana ing ngisore tak wenehi jeneng kali wahyu (sapunika namanipun kali inggih punika kali Bengawan Solo)”. Pangandikanipun Ki Kesdik Wacana.
Wonten ing sawijining dinten, Sinan Giri ingkang nembe ngalembara dumugi wonten papan ingkang rumiyin dipun rawuhi Ki Kesdik Wacana. Sami kaliyan Ki Kesdik Wacana, Sunan Giri ugi ngunguni kaendahan alas ingkang wiyar sanget kaliyan papanipun ingkang kathah punthukan. Sunan Giri lajeng ngendika “ mbesuk yen ana rejaning jaman, papan iki bakal tak wenehi tenger WONOGIRI” Wono utawi wana ingkang tegesipun alas, dene giri tegesipun gunung. Makaten panggenan ingkang gadhah alas ingkang ketel lan mawi gunung-gunung punika ngantos samangke gadhah nama Wonogiri ingkang manggen wonten Propinsi Jawa Tengah.