Showing posts with label berbahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label berbahasa jawa. Show all posts

Wednesday, June 10, 2015

Jaman Edan

donyane tansaya peteng
kalimput pedhut dhedhet lelimengan
rasane seseg ana jeron dhadha
ambegan dawa ora bisa

donyane jare tambah bawera
nyatane saya ora mingsra
jalaran saking akehing manungsa
kang padha kelangan tresna
tresna nyang pepadha
tresna nyang dalan padhang ilang
mung kari gambaran kledhang-kledhang
kabeh sarwa pating regemeng

kaya gendruwo neng pinggir keren

Sumber. Majalah Penjabar Semangat

Tuesday, June 9, 2015

Lelakon Seragam Putih Biru

Dina iki…
Nalika aku mlebu ruwangan iki,
Gegambaran crita kang kawuri
Kaentha cetha,
Kadya kipas ngawe-awe ing angenku
Nalika sliramu lungguh ing bangku iku
Nganggo sragam putih biru
Wolulas taun kepungkur
Nalika sliramu takon
Sapa kenya sakelas iki kang kumisen?
Sebel, sengit, gela…
Surake kanca gawe wirange ati
Geneya setengah taun candhake
Nawalamu teka ndalidir
Nelakake kayungyunmu
Nanging ati iki wis daktutup rapet
Nganti seprene
Kekancan iku prayogane
Sepira gedhene katresnanmu
Amung sliramu kang nyumurupi
Kagawa terus namaku ing yogamu

Amung sliramu kang mangerteni

Sunday, October 12, 2014

Dolanan

Urip kaya lagi dolanan
Ana menang, ana kalah
Ana bungah, ana susah
Nanging saiki donya sarwa kuwalik
Dolanan kaya lagi urip
Ora perlu nyambut gawe
Dolanan wae rak wis cukup kanggo urip?
Dolanan nomer, dolanan kertu
Dolanan ukum, dolanan jabatan
Apa maneh? Sapa sing ngerti?
Iki lagi dolanan lho!



Sunday, September 28, 2014

Pahlawan Dan Wanita

Wanita Kurang Damang Marang para Pahlawane?
 

Siti Rohana Kuddus
“Siti Rohana Kudus? Sapa kuwi?”
Kerep banget pitakonan kaya iku ke­prungu, ing antarane sasamaning wanita. Mrangguli bab mengkene, tumrape Sri Sintasari, utawa kang kerep diundang Bu Neneng Iskandar, kerep krasa risi. Bab mau mratelakake, yen kawruhe wanita kang magepokan karo para pahlawane yekti durung maremake. Mula iku, ngiras pantes mengeti wiyosane Raden Ajeng Kartini, lumantar bebadan kang sinebut Wastra Prema (tegese paguyuban su­tresna wastra/kain, wigatine kain tradisi, kaya ta bathik lan tenun), Neneng Iskan­dar dalah para sumitrane ing Wastra Prema, banjur cancut taliwanda. Ngadani kagiyatan kang ancase, kejaba ngelingake kaum wanita supaya eling lan ngerti, yen yektine akeh wanita Indonesia sing dadi pioneer (pelopor), ambyur ing jagading perjuangan kanggo njunjung drajade wanita, uga nguri-uri lumantar pameran kain tradisi adati, sing wis tuwa sarta kuna, nanging isih endah sarta mranani.
 Kagiyatan kang karan”Puspa Pesona Wastra Tokoh Perempuan Indonesia”, sarta diadani ing Museum Nasional Ja­karta, wiwit tanggal 4 nganti 14 April 2013. Maune dirancang nganti tanggal 7 April, nanging awit akeh masarakat sing kepranan, banjur diundur nganti 14 April. Kejaba mujudake pendidikan kanggo para wanita tumrap para pahlawane, yaiku se­puluh wanita pejuang sa tanah air, uga si­nambi mamerake wastra tuwa adati, minangka kaskayaning bangsa.
Dene wanita sepuluh mau, yaiku,
1. Raden Ajeng Kartini, kenya kang miyos 21 April 1879, kang sawise diwasa digarwa dening  Bupati Rembang, KRM Adipati Ario Singgih Joyo Adiningrat, kang yektine wis kagungan garwa ampil cacah 3. Eman RA Kartini katimbalan nalika isih mudha yuswa 25 taun, 17 September 1904, sawise mbabarake putra kakung siji asma RM Soesalit 13 September 1904  Tumrape wanita Indonesia, RA Kartini mu­judake pejuang kang diaji-aji, awit lu­mantar perjuangane, wanita bisa sekolah ora beda karo priya. Jaman semana, pa­mikir kang mletik iki luwih maju ndhisiki jamane. Mula tanggal wiyosane mau tan­sah diprengeti minangka Hari Kartini, kang dadi tandha yen wanita yekti ora beda karo priya sarta duwe hak kang padha, kang katelah emansipasi.
2. Cut Nyak Dien(lair ing Aceh 1859), mujudake prajurit wanita kang peng-pengan, bebarengan karo kakunge Teuku Umar lumawan Walanda. Emane Teuku Umar gugur ndhisiki 11 Pebruari 1899 ing tanah wutah getihe yaiku Meulaboh. Pa­sareyane ing tengah alas gung liwang liwung, ing gumuk kang ndeder.  Dene Cut Nyak Dien nerusake berjuang kanthi gerilya, mlebu metu alas. Wusanane uga ketangkep Walanda, banjur diselong ing Sumedang Jawa barat, 11 Desember 1905, nganti lan tiwase sarta disarekake ing kana. Yekti ngeres-eresi, jalma loro kang atine kaiket tresna, makame pinisah adoh, Sumedang lan Meulaboh.
Ora sethithik ekspatriat sing gumun karo bathik adat ingkang dipamerake
3. Johana Sunarti Nasution Gondo­kusumo (miyos ing Surabaya, 1923) kang kerep disapa Bu Nas. Awit katresnane ma­rang sasama, Bu Nas aktif kanthi nge­degake sawatara organisasi sosial. Antara liya, Yayasan  Sayap Ibu, kang isih madeg nganti saiki, mapan ing jalan Barito Keba­yoran Baru. Yayasan sayap Ibu aweh pang­ayoman sarta ngopeni bayi-bayi terlantar, sarta kang dipasrahake wong tuwane awit ora kuwawa ngopeni. Kejaba iku isih ana sawatara yayasan sosial liyane, saengga panjenengane wola-wali antuk kanugrah­an saka Pamarentah, kaya ta Satya Len­cana Kebaktian Sosial, Lencana Satya Bhakti Utama Persit Kartika Candra Kirana lan liya-liyane.
4. Laili Roesad, lair ing Padang 19 September 1916, kasil nggayuh gelar Doktor Hukum saka University of London. Awit saka kawasisane mau, Laili dadi diplomat wanita, kang sabanjure dadi Duta Besar wanita sing sepisanan ing Belgia lan Luxemburg, nganti nampa Bintang Jasa saka negara loro mau. Kejaba iku uga nate nja­bat minangka Perwakilan Tetap Republik Indonesia ing PBB, New York. Kiprahe isih akeh maneh, mratelakake yen Laili Roe­sad yekti wanita gamben.
5. Lamidjah Hardi(Purworejo, 14 April 1918), klebu wanita kang pikirane wis maju. Kejaba ngedegake YLKI (Yaya­san  Lembaga Konsumen Indonesia), ngedegake Paguyuban Wanita Pejuang, ngedegake Himpunan Wastra Prema, lan sapanunggalane.

Sulam bangku, carane nggawe rumit
6. Maria Walanda Maramis (Kema, Sulawesi Utara, 1 Desember 1872). Nadyan sekolahe mung Sekolah Dasar, nanging pamikir sarta pengabdiane ora sembarangan. Awit ngrumangsani yen kalungguhane ibu lan anak mono wi­gati tumrap dina tembene Bangsa, mula banjur ngedegake Percintaan Ibu Kepada anak turunannya (PIKAT), kang ancase ndhidhik wanita ing bab nata rumah tangga, njahit, ngopeni bayi lan liya-liyane. Awit kasil kanthi becik, PIKAT ngrembaka lan didegake ing ngendi-endi.
7. Raden Dewi Sartika, (Ban­dung, 4 Desember 1884). Perjuangane kanggo para wanita liwat tulisan ing koran, kang merjuangake pendidikan kanggo wanita, anti poligami (wayuh) sarta anti prostitusi (pe­lanyah­an).Awit kalungguhane wanita nalika jaman penjajahan biyen  kasiya-siya banget, mula Dewi Sartika kasil ngedegake sekolah mligi kanggo wanita, kang karan Sekolah Istri.
8. Siti Rohana Kuddus (Kota­gadang, 20 Desember 1884). Rohana kang ora nate sekolah formal. Nanging dening ramane, diwulang maca lan nulis. 11 Feb­ruari 1911, Rohana ngedegake sekolah Ke­rajinan Amal Setia. Kejaba iku, awit nglenggana yen lumantar tulisan bisa min­terake wanita, mula 10 Juli 1912, Ro­hana ngedegake Soenting Melajoe. Koran iki yekti saka, dening sarta kanggo wa­nita tenan. Awit kabeh penulis sarta redaksine kabeh wanita. Kejaba iku isih mbudidaya supaya jagading sulam saya maju, mula banjur ngedegake Amal Setia, wadhah kanggo wanita nyinau sarta ngun­­dhakake pengasilan kanthi nyulam.

Neneng Iskandar
9. Hj. Siti Latifah Herawati Diah (Tan­jung Pandan, 03 April 1917), garwane wartawan Burhanudin Muhammad (BM) Diah. Mujudake wanita kang beja kema­yangan awit bisa nggayuh pendhidhikan sarta wanita Indonesia sepisanan sing kasil lulus saka Universitas Columbia, Ame­rika Serikat, jurusan Sosiologi. Ing jaman penjajahan aktif ing KBI (Kepan­duan bangsa Indonesia), aktif ing Perwari (Persatuan Wanita Republik Indonesia), sarta ngedegake Ikatan Sarjana Wanita Indonesia (ISWI). Ing antarane para pah­la­wan wanita, amung bu Herawati iki kang isih sugeng. Kejaba sabiyantu Pak BM Diah ngemudheni koran Merdeka, Bu Diah uga ngedegake majalah Keluarga, lsp.
10. Hj. Siti Nurani Bambang Utoyo (Pa­­lem­bang, 19 Juni 1925). Minangka garwa prajurit, Siti Nurani sabiyantu ka­kunge perang gerilya, munggah mudhun gunung. Sawise mardika, Siti Nurani aktif ing kabudayan sarta kesenian, miwah nresnani sapepadhaning tumitah, wigati­ne asung ketresnan marang para bocah. Mula ing sadawaning Uripe uga aktif ing sawatara oraganisasi sosial, upamane Bank Mata, Dekranas, ngopeni bocah cacat lsp.
Kajaba pameran, tanggal 7 April ing dina Akad, uga ana bawa rasa (bincang-bincang utawa talk-show) ngenani kain kembangan (bangsane sindur, slendang, rimong). Miturut Ibu Asmoro Damais kang dadi nara sumber, barang-barang mau  pranyata umure luwih tuwa tinimbang bathik.


Saturday, September 27, 2014

Ruwatan

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing ancasé kanggo mbébasake wong komunitas utawa wilayah saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatiné arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing isa nyebabaké bencana.
Upacara adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifaté sinkretis sing saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaran agama.

Makna

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasaké wong, masarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara ruwatan iki sejatiné ndonga, njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing uwis dilakoni sing bisa njalari bencana.lan dingo tulak bala ana ing sawijining desa,

Larangan

Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut) ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka diwalik).

Sejarah

Upacara adat iki asalé saka carita Bathara Kala yaiku buta sing doyan mangan menungsa. Bathara Kala iku putra Bathara Guru utawa putu para déwa.
Jinis menungsa sing disenengi Bathara Kala lan dikuwatiraké ngalami sukerta yaiku:
·         Sing lair tunggal utawa ontang-anting
·         Kembang sepasang utawa kembar
·         Sendhang apit pancuran utawa lanang, wadon, lanang, uga
·         Uger-uger lawang utawa anak loro lanang kabèh
·         Ontang-onting utawa anak siji wadon
·         Pendhawa utawa anak lima lanang kabeh
·         Kedhana-kedhini utawa anak loro lanang wadon
·         Gondhang kasih anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih
·         Dhampit utawa anak loro lanang wadon kang laire bareng

Sesajèn

Sesajèn sing disiapake kanggo upacara adat iki antarané:
·         Kain pitung werna
·         Wos Jené
·         Jarum kuning
·         Kembang pitung rupa

Yen kanggo tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta, wong sing diruwat kudhu njalani siraman banyu suci lan nggunting rambut, rambute banjur dilarung neng segara.