Showing posts with label bahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label bahasa jawa. Show all posts

Sunday, September 28, 2014

LEGENDHA WANA KETHU LAN WONOGIRI

Nalika jaman krajaan Demak wonten sawijining resi sekti kanthi asma ki kesdik wacana. Priyantunipun lenggah piyambakan wonten satunggaling guwa ingkang kalebu dalem jajaran giri sewu. Giri punika dipun ubengi wana ingkang katha kaliyan wit-witan kanthi ronipun ngrembuyung saha kahananingkang endah . boten kaget manawi panguwasa demak nalika wektu punika ndadosaken minangka wana wisata ratu saha panggenan kangge pados rajakaya, ing wektu2 tinemtu, karawuhan boyongan ratu kanthi pangiring saha senapatinipun. Piyambakipun pados rajakaya ingkang utama nggih punika kidang. Perangan kasil saking pados kidang kalawau wonten ingkang dipun telasaken ing panggenan saha saperangan malih limrahipun dipun asta kondur dhateng karaton. Patilasan panggenan kanggo seneng-seneng kalawau ing pungkasanipun dados sawijining desa ingkang sapunika dipun paringi nama desa seneng. Ingkang hanggadhai werdi panggenan kangge seneng-seneng. Ngantos sapunika panggenan punika taksih wonten
Wonten ing sawijining dinten Raja Demak ngirim duta ingkang nama Raden Panji kangge manggihi Resi Ki Kesdik Wacana. Lumantar dutanipun, raja nyuwun dhateng Ki Kesdik Wacana supados Mbekta pinten-pinten kidang ingkang badhe dipun dadosaken ingon-ingon wonten karatonipun. Ki kesdik Wacana nyagahi panyuwunan kala wau. Kanthi kasektenipun KI Kesdik wacana nglebetaken kidang-kidang kala wau dating bumbung, bolongan wonten pucuk pring kala wau lajeng dipun sumpet. Bumbung kala wau lajeng dipunparingaken dhateng Raden Panji kanthi piweling.
“Raden Panji, bumbung punika isinipun kidang-kidang ingkang dipun kersakaken dening Gusti Prabu. Sengaja kula lebetaken dhateng bumbung punika supados Raden Panji gampil anggenipun mbekta. Amargi lelampahan saking mriki dhateng karaton lumayan tebih. Ananging panjenengan emut-emut piweling kula, ampun pisan-pisan panjenengan mbikak bumbung punika ngantos bumbung punika dumugi wonten ngajengipun Raja”.
“Matur nuwun bapa Resi, kula badhe ngemut-emut piweling kalawau” ngendikanipun raden Panji kanthi agunging pakurmatan.
Wonten ing margi dhateng Demak, penggalihipun Raden Panji dipun kebaki dening maneka warna pitakenan ingkang boten saget dipun wangsuli dening Raden Panji piyambak.
Miturut panjenenganipun boten lemebet ing nalar bilih kidang-kidang ingkang dipun kersakaken Gusti Prabu dipun lebetaken dhateng bumbung. Punika sanget boten tinemu ing nalar. Sanadyan makaten, raden Panji tetep emut dhateng piwelingipun Ki Kesdik Wacana supados boten mbikak bumbung kala wau ngantos dumugi ing ngarsaniun Raja. Raden panji lajeng ngurungaken niyatipun badhe mbikak bumbung kala wau.
Wonten ing margi, amargi sayah raden panji leren wonten wana jati ingkang ketel. Nalika ngicalaken sayah kalawau, paningalipun raden Panji terus ningali bumbung kanthi rasa ngungun. Amargi terus ningali bumbung kalawau, lajeng raden Panji mbikak bumbung kala wau kangge magertosi isinipun. Ananing nalika sumpet dipun bikak, Raden Panji kaget sanget ningali kedadosan ingkang boten limrah. Kanthi ndomblong, sakala-kala saking bumbung kalawau medal kewan alit ingkang sansaya dangu sansaya ageng. Nyata kewan-kewan kala wau inggih punika kidang ingkang cacahipun 16 iji utawi 8 pasang. Lan sadaya kanthi trengginas mlebet dhateng wana malih.
Raden Panji lajeng tangi saking kagetipun kalawau, lajeng enggal-enggal lumayu dhateng wana kangge nggacar kidang-kidang kalawau ngantos kopiahipun dhawah wonten siti. Ananging panjenenganipun boten nggatosaken kedadosan punika. Sanadyan anggenpun nguyak kidang kalawau muspra. Sanget anggenipun sedhih kaliyan getun raden Panji amargi grobohipun punika. Raden panji among saget dhawah tundhuk isin kaliyan lemes. Boten ngertos badhe napa malih. Badhe kondhur dhateng Demak ajrih kaliyan murkanipun Raja. Badhe wangsul dhateng Pertapan Ki Kesdik Wacana ajrih dipun uneni.
Bejanipun Ki Kesdik Wacana ingkang sekti saget enggal ngertos kadadosan punika. Awit saking punika Ki Kesdik enggal nusul. Wonten ing margi anggenipun nusul Raden Panji, Ki Kesdik nemokaken kopiahipun Raden Panji ingkang dhawah. Resi sekti punika ngendika, “duh bumi lan langit seksenana yen wiwit dina iki papan iki tak wenehi jeneng WANA KETHU”. Ngantos sapunika naminipun Wana Kethu. “wana” tegesipun alas lan “Kethu” tegesipun kopiah.
Boten dangu Ki Kesdik Wacana enggal nemu panggenanipun Raden Panji. Ningali karawuhanipun Ki Kesdik Wacana, Raden Panji kaget sanget.
“Ampun Bapa, kula sampun lancang mbikak supet bumbung punika lan ndadosaken kewan-kewan ingkang wonten bumbung medal sadaya. Sapunika kula pasrah nampi paukuman saking Bapa Resi”. Ngendikanipun Raden Panji.
Mireng pangandikanipun Raden Panji, sang Resi rumaos welas ananging ingkang lepat kedah nampi paukuman.
“Raden Panji, panjenengan mangertosi bilih sejatosipun penjenengan punika sulihsalira saking raja ingkang sampun dipun paringi welingan. Eman sanget panjenengan boten saget nindakaken welingan punika. Awit saking punika panjenengan kedah pikantuk paukuman. Wiwit dina iki kowe aja wujud manungsa, ananging kowe dadia kidang wulung sing nunggu alas iki” pangandikanipun Bapa Resi.
Sabibaripun Bapa Resi ngucap kados makaten, sakala-kala donya dados peteng dhedhet lan wonten langit kapireng suara gelap nyamber-nyamber. Sadaya kados dados seksi punapa ingkang dados pangandikanipun Bapa Resi. Pancen leres kadadosanipun. Sakala-kala Raden Panji ingkang asalipun manungsa malih dados kidang lanang ingkang gagah sanget kanthi wulu wulungipun. Raden Panji ingkang sampun dados kidang punika nangis lan timpuh wonten ngajengipun Resi sekti punika.
“Pidana punika awrat sanget tumrapipun kula, Bapa. Mugia panjenengan kersa ngicali”. Panyuwunipun kidang wulung kadadosanipun Raden Panji. Ananging getun namung kantun getun, Raden Panji kedah nglampahi urip enggal dados pangarsa pacangan-pacangan kidang ingkang riyin dipun iculi wonten Wana Kethu.
Sasampunipun kadadosan wonten Wana Kethu punika, Ki Kesdik Wacana minggah dhateng inggilipun punthukan alit boten tebih saking mriku. Sasampunipun dugi wonten pucukipun punthukan punika, panjenenganipun pinarak sakedhap kangge ngunguni kaendhahan alam sangandhapipun.
“punthukan iki endah banget. Mbesuk yen ana rejaning jaman, punthukan iki tak wenehi jenen gunung Giri. Dene kali sing mili ana ing ngisore tak wenehi jeneng kali wahyu (sapunika namanipun kali inggih punika kali Bengawan Solo)”. Pangandikanipun Ki Kesdik Wacana.
Wonten ing sawijining dinten, Sinan Giri ingkang nembe ngalembara dumugi wonten papan ingkang rumiyin dipun rawuhi Ki Kesdik Wacana. Sami kaliyan Ki Kesdik Wacana, Sunan Giri ugi ngunguni kaendahan alas ingkang wiyar sanget kaliyan papanipun ingkang kathah punthukan. Sunan Giri lajeng ngendika “ mbesuk yen ana rejaning jaman, papan iki bakal tak wenehi tenger WONOGIRI” Wono utawi wana ingkang tegesipun alas, dene giri tegesipun gunung. Makaten panggenan ingkang gadhah alas ingkang ketel lan mawi gunung-gunung punika ngantos samangke gadhah nama Wonogiri ingkang manggen wonten Propinsi Jawa Tengah.

Saturday, September 27, 2014

Ruwatan

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing ancasé kanggo mbébasake wong komunitas utawa wilayah saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatiné arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing isa nyebabaké bencana.
Upacara adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifaté sinkretis sing saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaran agama.

Makna

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasaké wong, masarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara ruwatan iki sejatiné ndonga, njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing uwis dilakoni sing bisa njalari bencana.lan dingo tulak bala ana ing sawijining desa,

Larangan

Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut) ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka diwalik).

Sejarah

Upacara adat iki asalé saka carita Bathara Kala yaiku buta sing doyan mangan menungsa. Bathara Kala iku putra Bathara Guru utawa putu para déwa.
Jinis menungsa sing disenengi Bathara Kala lan dikuwatiraké ngalami sukerta yaiku:
·         Sing lair tunggal utawa ontang-anting
·         Kembang sepasang utawa kembar
·         Sendhang apit pancuran utawa lanang, wadon, lanang, uga
·         Uger-uger lawang utawa anak loro lanang kabèh
·         Ontang-onting utawa anak siji wadon
·         Pendhawa utawa anak lima lanang kabeh
·         Kedhana-kedhini utawa anak loro lanang wadon
·         Gondhang kasih anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih
·         Dhampit utawa anak loro lanang wadon kang laire bareng

Sesajèn

Sesajèn sing disiapake kanggo upacara adat iki antarané:
·         Kain pitung werna
·         Wos Jené
·         Jarum kuning
·         Kembang pitung rupa

Yen kanggo tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta, wong sing diruwat kudhu njalani siraman banyu suci lan nggunting rambut, rambute banjur dilarung neng segara.