Showing posts with label agama. Show all posts
Showing posts with label agama. Show all posts

Saturday, June 6, 2015

Ayat-ayat Gusti Allah


Nalika bun wayah esuk tumetes
Mung suket, godhong lan kewan gegremetan kang atur syukur
Manungsa wus kadhung ndengangak ngukur bantala
Ngetung etung isine gelaring jagad kang semrawut
Kabuntel nalar kang kebak paeka
Ah…wus dudu bun kang tumiba
Nanging banjir bandhang ngebaki ratan lan kali
Ayat ayating Gusti Allah kang teka…?
Nggawa banten kang tanpa kanyana-nyana…
Amarga saka pokale wingi uni kang lagi lali
Yen ta kabeh mau ijih ana kang kagungan karya
Aja dha sembrana midak bantala tanpa cecala
Ngawiyat ya mung dha golek suka…ah
Kapan ati iki kober ngukur dosa…?
Nalika para wikan lan winasis kandha… yen ta donya iki wus kari sagegeming asta
Tandha tandha kiyamat kang bakal teka…
Ayo ndang ngudi salira lan jiwa… sujud kanthi ati tumenga…

Nedya ndandani tumindak kang duraka…najan kari umur kang sisa…

Friday, June 5, 2015

Ka’bah

Ka’bah
Kairing assalamu’alaikum tak dhodhog korining atimu
Tanpa kendhat tak aturke puji syukur ing ngarsane
Illahi Robbi
Sinambi tansah ngagungake asmaMu
Ngalembana kamulyanMu
Hamemuji kasucenMu
Ya Allah
Cahya sumunar saka endahing wewangunanmu
Cumlorot gumebyar gilar-gilar pelataran kang gumelar
Rinengga dedeg pideksa pilar-pilar Baitul Rahman
kang mageri
Endahing sesawangan nunjem telenging ati
Nggeterake qalbu lan nurani
Angrangin suwarane adzan ngumandhang
Mijil saka menara-menara gagah merbawani
kang amayungi
Aku ngadeg njegegreg kamitenggengen
Kanthi ati kebak panyandra pangalembana
Marang apa kang ngegla wela-wela sakngarepe netra
Mbaka siji luhku tumetes
Nelesi gumilape pelataran marmer kang meneng ambisu
Sengkut ngetung ewoning jangkah para jamaah
tamune Allah
Ya Allah
Muga keparenga dlamakanku kang kebak reridhu
Jumangkah hangubengi ka’bah
Aku nglenggana dhuh Gusti
amung marga pinaringan inayah lan hidayahMu
para jamaah iku, kalebu aku
kang tansah anyukuri marang sakabehing peparingMu
saha ikhlas nindakake dhawuh-dhawuhMu
Nyingkur apa kang dadi wewalerMu
Kepareng ngidak bumimu kang suci satuhu
Ka’bah
Ing pangkonmu aku sedhekah amarikelu
Tak wasuh dosa-dosa kang nglelemerti raga
Ri ri bebondhotan kang ngracuti ati
Tak pendhem jero ing ngisoring beteng taqwa
lan imanku
Ka’bah
Ngrumangsani yen mung jejere titah sawantah
Aku pasrah sumarah
Muga ingapura sak kabehing dosa-dosa
Tinebihna saka godha pamilutan para drubiksa
Tansah pinayungan kawilujengan katentreman
Ginanjar barokah inayah lan hidayah sak wayah-wayah
Ing tembe kinanthi para malaikat
Nyecep madu kanikmataning alam kaswargan
Lamat-lamat saka kadohan
Kapireng endahe dzikir lan shalawat nabi
Kadya kekidungane para widodari
Ing taman surgawi
Ka’bah
Kiblating manembah para muslim muslimah,
Jiwa ragaku pancen wis bali
Nanging
Ati lan sanubariku
isih keri

Nganti saiki