Wanita Kurang Damang Marang para Pahlawane?
Siti Rohana Kuddus
“Siti Rohana Kudus? Sapa kuwi?”
Kerep banget pitakonan kaya iku keprungu, ing antarane sasamaning
wanita. Mrangguli bab mengkene, tumrape Sri Sintasari, utawa kang kerep
diundang Bu Neneng Iskandar, kerep krasa risi. Bab mau mratelakake, yen kawruhe
wanita kang magepokan karo para pahlawane yekti durung maremake. Mula iku,
ngiras pantes mengeti wiyosane Raden Ajeng Kartini, lumantar bebadan kang
sinebut Wastra Prema (tegese paguyuban sutresna wastra/kain, wigatine kain
tradisi, kaya ta bathik lan tenun), Neneng Iskandar dalah para sumitrane ing
Wastra Prema, banjur cancut taliwanda. Ngadani kagiyatan kang ancase, kejaba
ngelingake kaum wanita supaya eling lan ngerti, yen yektine akeh wanita
Indonesia sing dadi pioneer (pelopor), ambyur ing jagading
perjuangan kanggo njunjung drajade wanita, uga nguri-uri lumantar pameran kain
tradisi adati, sing wis tuwa sarta kuna, nanging isih endah sarta mranani.
Kagiyatan kang karan”Puspa Pesona Wastra Tokoh Perempuan
Indonesia”, sarta diadani ing Museum Nasional Jakarta, wiwit tanggal 4
nganti 14 April 2013. Maune dirancang nganti tanggal 7 April, nanging awit akeh
masarakat sing kepranan, banjur diundur nganti 14 April. Kejaba mujudake
pendidikan kanggo para wanita tumrap para pahlawane, yaiku sepuluh wanita
pejuang sa tanah air, uga sinambi mamerake wastra tuwa adati, minangka
kaskayaning bangsa.
Dene wanita sepuluh mau, yaiku,
1. Raden Ajeng Kartini, kenya kang miyos 21 April
1879, kang sawise diwasa digarwa dening Bupati Rembang, KRM Adipati Ario
Singgih Joyo Adiningrat, kang yektine wis kagungan garwa ampil cacah 3. Eman RA
Kartini katimbalan nalika isih mudha yuswa 25 taun, 17 September 1904, sawise
mbabarake putra kakung siji asma RM Soesalit 13 September 1904 Tumrape
wanita Indonesia, RA Kartini mujudake pejuang kang diaji-aji, awit lumantar
perjuangane, wanita bisa sekolah ora beda karo priya. Jaman semana, pamikir
kang mletik iki luwih maju ndhisiki jamane. Mula tanggal wiyosane mau tansah
diprengeti minangka Hari Kartini, kang dadi tandha yen wanita yekti
ora beda karo priya sarta duwe hak kang padha, kang katelah emansipasi.
2. Cut Nyak Dien(lair ing Aceh 1859), mujudake
prajurit wanita kang peng-pengan, bebarengan karo kakunge Teuku Umar lumawan
Walanda. Emane Teuku Umar gugur ndhisiki 11 Pebruari 1899 ing tanah wutah
getihe yaiku Meulaboh. Pasareyane ing tengah alas gung liwang liwung, ing
gumuk kang ndeder. Dene Cut Nyak Dien nerusake berjuang kanthi gerilya,
mlebu metu alas. Wusanane uga ketangkep Walanda, banjur diselong ing Sumedang
Jawa barat, 11 Desember 1905, nganti lan tiwase sarta disarekake ing kana. Yekti ngeres-eresi, jalma
loro kang atine kaiket tresna, makame pinisah adoh, Sumedang lan Meulaboh.
Ora sethithik ekspatriat sing gumun karo bathik adat ingkang dipamerake
3. Johana Sunarti Nasution Gondokusumo (miyos ing Surabaya, 1923) kang
kerep disapa Bu Nas. Awit katresnane marang sasama, Bu Nas aktif kanthi ngedegake
sawatara organisasi sosial. Antara liya, Yayasan Sayap Ibu, kang isih
madeg nganti saiki, mapan ing jalan Barito Kebayoran Baru. Yayasan sayap Ibu
aweh pangayoman sarta ngopeni bayi-bayi terlantar, sarta kang dipasrahake wong
tuwane awit ora kuwawa ngopeni. Kejaba iku isih ana sawatara yayasan sosial
liyane, saengga panjenengane wola-wali antuk kanugrahan saka Pamarentah, kaya
ta Satya Lencana Kebaktian Sosial, Lencana Satya Bhakti Utama Persit Kartika
Candra Kirana lan liya-liyane.
4. Laili Roesad, lair ing Padang 19 September 1916, kasil nggayuh gelar
Doktor Hukum saka University of London. Awit saka kawasisane mau, Laili dadi
diplomat wanita, kang sabanjure dadi Duta Besar wanita sing sepisanan ing
Belgia lan Luxemburg, nganti nampa Bintang Jasa saka negara loro mau. Kejaba
iku uga nate njabat minangka Perwakilan Tetap Republik Indonesia ing PBB, New
York. Kiprahe isih akeh maneh, mratelakake yen Laili Roesad yekti wanita
gamben.
5. Lamidjah Hardi(Purworejo, 14 April 1918), klebu wanita kang pikirane
wis maju. Kejaba ngedegake YLKI (Yayasan Lembaga Konsumen Indonesia),
ngedegake Paguyuban Wanita Pejuang, ngedegake Himpunan Wastra Prema, lan
sapanunggalane.
Sulam bangku, carane nggawe rumit
6. Maria Walanda Maramis (Kema, Sulawesi Utara, 1
Desember 1872). Nadyan sekolahe mung Sekolah Dasar, nanging pamikir sarta
pengabdiane ora sembarangan. Awit ngrumangsani yen kalungguhane ibu lan anak
mono wigati tumrap dina tembene Bangsa, mula banjur ngedegake Percintaan Ibu
Kepada anak turunannya (PIKAT), kang ancase ndhidhik wanita ing bab nata rumah
tangga, njahit, ngopeni bayi lan liya-liyane. Awit kasil kanthi becik, PIKAT
ngrembaka lan didegake ing ngendi-endi.
7. Raden Dewi Sartika, (Bandung, 4 Desember
1884). Perjuangane kanggo para wanita liwat tulisan ing koran, kang merjuangake
pendidikan kanggo wanita, anti poligami (wayuh) sarta anti prostitusi (pelanyahan).Awit
kalungguhane wanita nalika jaman penjajahan biyen kasiya-siya banget,
mula Dewi Sartika kasil ngedegake sekolah mligi kanggo wanita, kang karan
Sekolah Istri.
8. Siti Rohana Kuddus (Kotagadang, 20 Desember
1884). Rohana kang ora nate sekolah formal. Nanging dening ramane, diwulang
maca lan nulis. 11 Februari 1911, Rohana ngedegake sekolah Kerajinan Amal
Setia. Kejaba iku, awit nglenggana yen lumantar tulisan bisa minterake wanita,
mula 10 Juli 1912, Rohana ngedegake Soenting Melajoe. Koran iki yekti saka,
dening sarta kanggo wanita tenan. Awit kabeh penulis sarta redaksine kabeh
wanita. Kejaba iku isih mbudidaya supaya jagading sulam saya maju, mula banjur
ngedegake Amal Setia, wadhah kanggo wanita nyinau sarta ngundhakake
pengasilan kanthi nyulam.
Neneng Iskandar
9. Hj. Siti Latifah Herawati Diah (Tanjung Pandan, 03 April 1917),
garwane wartawan Burhanudin Muhammad (BM) Diah. Mujudake wanita kang beja kemayangan
awit bisa nggayuh pendhidhikan sarta wanita Indonesia sepisanan sing kasil
lulus saka Universitas Columbia, Amerika Serikat, jurusan Sosiologi. Ing jaman
penjajahan aktif ing KBI (Kepanduan bangsa Indonesia), aktif ing Perwari
(Persatuan Wanita Republik Indonesia), sarta ngedegake Ikatan Sarjana Wanita
Indonesia (ISWI). Ing antarane para pahlawan wanita, amung bu Herawati iki
kang isih sugeng. Kejaba sabiyantu Pak BM Diah ngemudheni koran Merdeka, Bu
Diah uga ngedegake majalah Keluarga, lsp.
10. Hj. Siti Nurani Bambang Utoyo (Palembang, 19 Juni 1925). Minangka
garwa prajurit, Siti Nurani sabiyantu kakunge perang gerilya, munggah mudhun
gunung. Sawise mardika, Siti Nurani aktif ing kabudayan sarta kesenian, miwah
nresnani sapepadhaning tumitah, wigatine asung ketresnan marang para bocah.
Mula ing sadawaning Uripe uga aktif ing sawatara oraganisasi sosial, upamane
Bank Mata, Dekranas, ngopeni bocah cacat lsp.
Kajaba pameran, tanggal 7 April ing dina Akad, uga ana bawa rasa
(bincang-bincang utawa talk-show) ngenani kain kembangan (bangsane sindur,
slendang, rimong). Miturut Ibu Asmoro Damais kang dadi nara sumber,
barang-barang mau pranyata umure luwih tuwa tinimbang bathik.
No comments:
Post a Comment