Sunday, October 12, 2014

Dolanan

Urip kaya lagi dolanan
Ana menang, ana kalah
Ana bungah, ana susah
Nanging saiki donya sarwa kuwalik
Dolanan kaya lagi urip
Ora perlu nyambut gawe
Dolanan wae rak wis cukup kanggo urip?
Dolanan nomer, dolanan kertu
Dolanan ukum, dolanan jabatan
Apa maneh? Sapa sing ngerti?
Iki lagi dolanan lho!



Sunday, September 28, 2014

Pahlawan Dan Wanita

Wanita Kurang Damang Marang para Pahlawane?
 

Siti Rohana Kuddus
“Siti Rohana Kudus? Sapa kuwi?”
Kerep banget pitakonan kaya iku ke­prungu, ing antarane sasamaning wanita. Mrangguli bab mengkene, tumrape Sri Sintasari, utawa kang kerep diundang Bu Neneng Iskandar, kerep krasa risi. Bab mau mratelakake, yen kawruhe wanita kang magepokan karo para pahlawane yekti durung maremake. Mula iku, ngiras pantes mengeti wiyosane Raden Ajeng Kartini, lumantar bebadan kang sinebut Wastra Prema (tegese paguyuban su­tresna wastra/kain, wigatine kain tradisi, kaya ta bathik lan tenun), Neneng Iskan­dar dalah para sumitrane ing Wastra Prema, banjur cancut taliwanda. Ngadani kagiyatan kang ancase, kejaba ngelingake kaum wanita supaya eling lan ngerti, yen yektine akeh wanita Indonesia sing dadi pioneer (pelopor), ambyur ing jagading perjuangan kanggo njunjung drajade wanita, uga nguri-uri lumantar pameran kain tradisi adati, sing wis tuwa sarta kuna, nanging isih endah sarta mranani.
 Kagiyatan kang karan”Puspa Pesona Wastra Tokoh Perempuan Indonesia”, sarta diadani ing Museum Nasional Ja­karta, wiwit tanggal 4 nganti 14 April 2013. Maune dirancang nganti tanggal 7 April, nanging awit akeh masarakat sing kepranan, banjur diundur nganti 14 April. Kejaba mujudake pendidikan kanggo para wanita tumrap para pahlawane, yaiku se­puluh wanita pejuang sa tanah air, uga si­nambi mamerake wastra tuwa adati, minangka kaskayaning bangsa.
Dene wanita sepuluh mau, yaiku,
1. Raden Ajeng Kartini, kenya kang miyos 21 April 1879, kang sawise diwasa digarwa dening  Bupati Rembang, KRM Adipati Ario Singgih Joyo Adiningrat, kang yektine wis kagungan garwa ampil cacah 3. Eman RA Kartini katimbalan nalika isih mudha yuswa 25 taun, 17 September 1904, sawise mbabarake putra kakung siji asma RM Soesalit 13 September 1904  Tumrape wanita Indonesia, RA Kartini mu­judake pejuang kang diaji-aji, awit lu­mantar perjuangane, wanita bisa sekolah ora beda karo priya. Jaman semana, pa­mikir kang mletik iki luwih maju ndhisiki jamane. Mula tanggal wiyosane mau tan­sah diprengeti minangka Hari Kartini, kang dadi tandha yen wanita yekti ora beda karo priya sarta duwe hak kang padha, kang katelah emansipasi.
2. Cut Nyak Dien(lair ing Aceh 1859), mujudake prajurit wanita kang peng-pengan, bebarengan karo kakunge Teuku Umar lumawan Walanda. Emane Teuku Umar gugur ndhisiki 11 Pebruari 1899 ing tanah wutah getihe yaiku Meulaboh. Pa­sareyane ing tengah alas gung liwang liwung, ing gumuk kang ndeder.  Dene Cut Nyak Dien nerusake berjuang kanthi gerilya, mlebu metu alas. Wusanane uga ketangkep Walanda, banjur diselong ing Sumedang Jawa barat, 11 Desember 1905, nganti lan tiwase sarta disarekake ing kana. Yekti ngeres-eresi, jalma loro kang atine kaiket tresna, makame pinisah adoh, Sumedang lan Meulaboh.
Ora sethithik ekspatriat sing gumun karo bathik adat ingkang dipamerake
3. Johana Sunarti Nasution Gondo­kusumo (miyos ing Surabaya, 1923) kang kerep disapa Bu Nas. Awit katresnane ma­rang sasama, Bu Nas aktif kanthi nge­degake sawatara organisasi sosial. Antara liya, Yayasan  Sayap Ibu, kang isih madeg nganti saiki, mapan ing jalan Barito Keba­yoran Baru. Yayasan sayap Ibu aweh pang­ayoman sarta ngopeni bayi-bayi terlantar, sarta kang dipasrahake wong tuwane awit ora kuwawa ngopeni. Kejaba iku isih ana sawatara yayasan sosial liyane, saengga panjenengane wola-wali antuk kanugrah­an saka Pamarentah, kaya ta Satya Len­cana Kebaktian Sosial, Lencana Satya Bhakti Utama Persit Kartika Candra Kirana lan liya-liyane.
4. Laili Roesad, lair ing Padang 19 September 1916, kasil nggayuh gelar Doktor Hukum saka University of London. Awit saka kawasisane mau, Laili dadi diplomat wanita, kang sabanjure dadi Duta Besar wanita sing sepisanan ing Belgia lan Luxemburg, nganti nampa Bintang Jasa saka negara loro mau. Kejaba iku uga nate nja­bat minangka Perwakilan Tetap Republik Indonesia ing PBB, New York. Kiprahe isih akeh maneh, mratelakake yen Laili Roe­sad yekti wanita gamben.
5. Lamidjah Hardi(Purworejo, 14 April 1918), klebu wanita kang pikirane wis maju. Kejaba ngedegake YLKI (Yaya­san  Lembaga Konsumen Indonesia), ngedegake Paguyuban Wanita Pejuang, ngedegake Himpunan Wastra Prema, lan sapanunggalane.

Sulam bangku, carane nggawe rumit
6. Maria Walanda Maramis (Kema, Sulawesi Utara, 1 Desember 1872). Nadyan sekolahe mung Sekolah Dasar, nanging pamikir sarta pengabdiane ora sembarangan. Awit ngrumangsani yen kalungguhane ibu lan anak mono wi­gati tumrap dina tembene Bangsa, mula banjur ngedegake Percintaan Ibu Kepada anak turunannya (PIKAT), kang ancase ndhidhik wanita ing bab nata rumah tangga, njahit, ngopeni bayi lan liya-liyane. Awit kasil kanthi becik, PIKAT ngrembaka lan didegake ing ngendi-endi.
7. Raden Dewi Sartika, (Ban­dung, 4 Desember 1884). Perjuangane kanggo para wanita liwat tulisan ing koran, kang merjuangake pendidikan kanggo wanita, anti poligami (wayuh) sarta anti prostitusi (pe­lanyah­an).Awit kalungguhane wanita nalika jaman penjajahan biyen  kasiya-siya banget, mula Dewi Sartika kasil ngedegake sekolah mligi kanggo wanita, kang karan Sekolah Istri.
8. Siti Rohana Kuddus (Kota­gadang, 20 Desember 1884). Rohana kang ora nate sekolah formal. Nanging dening ramane, diwulang maca lan nulis. 11 Feb­ruari 1911, Rohana ngedegake sekolah Ke­rajinan Amal Setia. Kejaba iku, awit nglenggana yen lumantar tulisan bisa min­terake wanita, mula 10 Juli 1912, Ro­hana ngedegake Soenting Melajoe. Koran iki yekti saka, dening sarta kanggo wa­nita tenan. Awit kabeh penulis sarta redaksine kabeh wanita. Kejaba iku isih mbudidaya supaya jagading sulam saya maju, mula banjur ngedegake Amal Setia, wadhah kanggo wanita nyinau sarta ngun­­dhakake pengasilan kanthi nyulam.

Neneng Iskandar
9. Hj. Siti Latifah Herawati Diah (Tan­jung Pandan, 03 April 1917), garwane wartawan Burhanudin Muhammad (BM) Diah. Mujudake wanita kang beja kema­yangan awit bisa nggayuh pendhidhikan sarta wanita Indonesia sepisanan sing kasil lulus saka Universitas Columbia, Ame­rika Serikat, jurusan Sosiologi. Ing jaman penjajahan aktif ing KBI (Kepan­duan bangsa Indonesia), aktif ing Perwari (Persatuan Wanita Republik Indonesia), sarta ngedegake Ikatan Sarjana Wanita Indonesia (ISWI). Ing antarane para pah­la­wan wanita, amung bu Herawati iki kang isih sugeng. Kejaba sabiyantu Pak BM Diah ngemudheni koran Merdeka, Bu Diah uga ngedegake majalah Keluarga, lsp.
10. Hj. Siti Nurani Bambang Utoyo (Pa­­lem­bang, 19 Juni 1925). Minangka garwa prajurit, Siti Nurani sabiyantu ka­kunge perang gerilya, munggah mudhun gunung. Sawise mardika, Siti Nurani aktif ing kabudayan sarta kesenian, miwah nresnani sapepadhaning tumitah, wigati­ne asung ketresnan marang para bocah. Mula ing sadawaning Uripe uga aktif ing sawatara oraganisasi sosial, upamane Bank Mata, Dekranas, ngopeni bocah cacat lsp.
Kajaba pameran, tanggal 7 April ing dina Akad, uga ana bawa rasa (bincang-bincang utawa talk-show) ngenani kain kembangan (bangsane sindur, slendang, rimong). Miturut Ibu Asmoro Damais kang dadi nara sumber, barang-barang mau  pranyata umure luwih tuwa tinimbang bathik.


LEGENDHA WANA KETHU LAN WONOGIRI

Nalika jaman krajaan Demak wonten sawijining resi sekti kanthi asma ki kesdik wacana. Priyantunipun lenggah piyambakan wonten satunggaling guwa ingkang kalebu dalem jajaran giri sewu. Giri punika dipun ubengi wana ingkang katha kaliyan wit-witan kanthi ronipun ngrembuyung saha kahananingkang endah . boten kaget manawi panguwasa demak nalika wektu punika ndadosaken minangka wana wisata ratu saha panggenan kangge pados rajakaya, ing wektu2 tinemtu, karawuhan boyongan ratu kanthi pangiring saha senapatinipun. Piyambakipun pados rajakaya ingkang utama nggih punika kidang. Perangan kasil saking pados kidang kalawau wonten ingkang dipun telasaken ing panggenan saha saperangan malih limrahipun dipun asta kondur dhateng karaton. Patilasan panggenan kanggo seneng-seneng kalawau ing pungkasanipun dados sawijining desa ingkang sapunika dipun paringi nama desa seneng. Ingkang hanggadhai werdi panggenan kangge seneng-seneng. Ngantos sapunika panggenan punika taksih wonten
Wonten ing sawijining dinten Raja Demak ngirim duta ingkang nama Raden Panji kangge manggihi Resi Ki Kesdik Wacana. Lumantar dutanipun, raja nyuwun dhateng Ki Kesdik Wacana supados Mbekta pinten-pinten kidang ingkang badhe dipun dadosaken ingon-ingon wonten karatonipun. Ki kesdik Wacana nyagahi panyuwunan kala wau. Kanthi kasektenipun KI Kesdik wacana nglebetaken kidang-kidang kala wau dating bumbung, bolongan wonten pucuk pring kala wau lajeng dipun sumpet. Bumbung kala wau lajeng dipunparingaken dhateng Raden Panji kanthi piweling.
“Raden Panji, bumbung punika isinipun kidang-kidang ingkang dipun kersakaken dening Gusti Prabu. Sengaja kula lebetaken dhateng bumbung punika supados Raden Panji gampil anggenipun mbekta. Amargi lelampahan saking mriki dhateng karaton lumayan tebih. Ananging panjenengan emut-emut piweling kula, ampun pisan-pisan panjenengan mbikak bumbung punika ngantos bumbung punika dumugi wonten ngajengipun Raja”.
“Matur nuwun bapa Resi, kula badhe ngemut-emut piweling kalawau” ngendikanipun raden Panji kanthi agunging pakurmatan.
Wonten ing margi dhateng Demak, penggalihipun Raden Panji dipun kebaki dening maneka warna pitakenan ingkang boten saget dipun wangsuli dening Raden Panji piyambak.
Miturut panjenenganipun boten lemebet ing nalar bilih kidang-kidang ingkang dipun kersakaken Gusti Prabu dipun lebetaken dhateng bumbung. Punika sanget boten tinemu ing nalar. Sanadyan makaten, raden Panji tetep emut dhateng piwelingipun Ki Kesdik Wacana supados boten mbikak bumbung kala wau ngantos dumugi ing ngarsaniun Raja. Raden panji lajeng ngurungaken niyatipun badhe mbikak bumbung kala wau.
Wonten ing margi, amargi sayah raden panji leren wonten wana jati ingkang ketel. Nalika ngicalaken sayah kalawau, paningalipun raden Panji terus ningali bumbung kanthi rasa ngungun. Amargi terus ningali bumbung kalawau, lajeng raden Panji mbikak bumbung kala wau kangge magertosi isinipun. Ananing nalika sumpet dipun bikak, Raden Panji kaget sanget ningali kedadosan ingkang boten limrah. Kanthi ndomblong, sakala-kala saking bumbung kalawau medal kewan alit ingkang sansaya dangu sansaya ageng. Nyata kewan-kewan kala wau inggih punika kidang ingkang cacahipun 16 iji utawi 8 pasang. Lan sadaya kanthi trengginas mlebet dhateng wana malih.
Raden Panji lajeng tangi saking kagetipun kalawau, lajeng enggal-enggal lumayu dhateng wana kangge nggacar kidang-kidang kalawau ngantos kopiahipun dhawah wonten siti. Ananging panjenenganipun boten nggatosaken kedadosan punika. Sanadyan anggenpun nguyak kidang kalawau muspra. Sanget anggenipun sedhih kaliyan getun raden Panji amargi grobohipun punika. Raden panji among saget dhawah tundhuk isin kaliyan lemes. Boten ngertos badhe napa malih. Badhe kondhur dhateng Demak ajrih kaliyan murkanipun Raja. Badhe wangsul dhateng Pertapan Ki Kesdik Wacana ajrih dipun uneni.
Bejanipun Ki Kesdik Wacana ingkang sekti saget enggal ngertos kadadosan punika. Awit saking punika Ki Kesdik enggal nusul. Wonten ing margi anggenipun nusul Raden Panji, Ki Kesdik nemokaken kopiahipun Raden Panji ingkang dhawah. Resi sekti punika ngendika, “duh bumi lan langit seksenana yen wiwit dina iki papan iki tak wenehi jeneng WANA KETHU”. Ngantos sapunika naminipun Wana Kethu. “wana” tegesipun alas lan “Kethu” tegesipun kopiah.
Boten dangu Ki Kesdik Wacana enggal nemu panggenanipun Raden Panji. Ningali karawuhanipun Ki Kesdik Wacana, Raden Panji kaget sanget.
“Ampun Bapa, kula sampun lancang mbikak supet bumbung punika lan ndadosaken kewan-kewan ingkang wonten bumbung medal sadaya. Sapunika kula pasrah nampi paukuman saking Bapa Resi”. Ngendikanipun Raden Panji.
Mireng pangandikanipun Raden Panji, sang Resi rumaos welas ananging ingkang lepat kedah nampi paukuman.
“Raden Panji, panjenengan mangertosi bilih sejatosipun penjenengan punika sulihsalira saking raja ingkang sampun dipun paringi welingan. Eman sanget panjenengan boten saget nindakaken welingan punika. Awit saking punika panjenengan kedah pikantuk paukuman. Wiwit dina iki kowe aja wujud manungsa, ananging kowe dadia kidang wulung sing nunggu alas iki” pangandikanipun Bapa Resi.
Sabibaripun Bapa Resi ngucap kados makaten, sakala-kala donya dados peteng dhedhet lan wonten langit kapireng suara gelap nyamber-nyamber. Sadaya kados dados seksi punapa ingkang dados pangandikanipun Bapa Resi. Pancen leres kadadosanipun. Sakala-kala Raden Panji ingkang asalipun manungsa malih dados kidang lanang ingkang gagah sanget kanthi wulu wulungipun. Raden Panji ingkang sampun dados kidang punika nangis lan timpuh wonten ngajengipun Resi sekti punika.
“Pidana punika awrat sanget tumrapipun kula, Bapa. Mugia panjenengan kersa ngicali”. Panyuwunipun kidang wulung kadadosanipun Raden Panji. Ananging getun namung kantun getun, Raden Panji kedah nglampahi urip enggal dados pangarsa pacangan-pacangan kidang ingkang riyin dipun iculi wonten Wana Kethu.
Sasampunipun kadadosan wonten Wana Kethu punika, Ki Kesdik Wacana minggah dhateng inggilipun punthukan alit boten tebih saking mriku. Sasampunipun dugi wonten pucukipun punthukan punika, panjenenganipun pinarak sakedhap kangge ngunguni kaendhahan alam sangandhapipun.
“punthukan iki endah banget. Mbesuk yen ana rejaning jaman, punthukan iki tak wenehi jenen gunung Giri. Dene kali sing mili ana ing ngisore tak wenehi jeneng kali wahyu (sapunika namanipun kali inggih punika kali Bengawan Solo)”. Pangandikanipun Ki Kesdik Wacana.
Wonten ing sawijining dinten, Sinan Giri ingkang nembe ngalembara dumugi wonten papan ingkang rumiyin dipun rawuhi Ki Kesdik Wacana. Sami kaliyan Ki Kesdik Wacana, Sunan Giri ugi ngunguni kaendahan alas ingkang wiyar sanget kaliyan papanipun ingkang kathah punthukan. Sunan Giri lajeng ngendika “ mbesuk yen ana rejaning jaman, papan iki bakal tak wenehi tenger WONOGIRI” Wono utawi wana ingkang tegesipun alas, dene giri tegesipun gunung. Makaten panggenan ingkang gadhah alas ingkang ketel lan mawi gunung-gunung punika ngantos samangke gadhah nama Wonogiri ingkang manggen wonten Propinsi Jawa Tengah.

Saturday, September 27, 2014

Ruwatan

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing ancasé kanggo mbébasake wong komunitas utawa wilayah saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatiné arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing isa nyebabaké bencana.
Upacara adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifaté sinkretis sing saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaran agama.

Makna

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasaké wong, masarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara ruwatan iki sejatiné ndonga, njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing uwis dilakoni sing bisa njalari bencana.lan dingo tulak bala ana ing sawijining desa,

Larangan

Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut) ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka diwalik).

Sejarah

Upacara adat iki asalé saka carita Bathara Kala yaiku buta sing doyan mangan menungsa. Bathara Kala iku putra Bathara Guru utawa putu para déwa.
Jinis menungsa sing disenengi Bathara Kala lan dikuwatiraké ngalami sukerta yaiku:
·         Sing lair tunggal utawa ontang-anting
·         Kembang sepasang utawa kembar
·         Sendhang apit pancuran utawa lanang, wadon, lanang, uga
·         Uger-uger lawang utawa anak loro lanang kabèh
·         Ontang-onting utawa anak siji wadon
·         Pendhawa utawa anak lima lanang kabeh
·         Kedhana-kedhini utawa anak loro lanang wadon
·         Gondhang kasih anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih
·         Dhampit utawa anak loro lanang wadon kang laire bareng

Sesajèn

Sesajèn sing disiapake kanggo upacara adat iki antarané:
·         Kain pitung werna
·         Wos Jené
·         Jarum kuning
·         Kembang pitung rupa

Yen kanggo tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta, wong sing diruwat kudhu njalani siraman banyu suci lan nggunting rambut, rambute banjur dilarung neng segara.

Friday, September 26, 2014

Budaya Jawa

Budaya Jawa iku pranataning uripé wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegesé pangertèn lan cara. Pangertèn bab urip nuduhaké sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibané. Déné cara nuduhaké pakeming tumindak ing purwa, madya, lan wusana ning kahanan. Uripé wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabèh pérangané urip kaya ta pribadiné dhéwé, liyan, alam, lan apa waé sing ana sakliyané dhèwèké kudu isa nampa lan nyengkuyung budiné sing nuju marang kasampurnaning urip.

Sajarah

Budaya utawa kabudayan Jawa iku salah siji kabudayan sing wis mapan, amarga wis suwé banget anané. Budaya Jawa ora madeg dhéwé. Animisme, Dinamismemiwiti ananing Budaya Jawa. Hindhu, Budha, Nasrani, lan Islam ya akèh banget pasumbangé marang Budaya Jawa. Budaya Jawa wiwit mula bukané gampang nampa lumebuné bab-bab anyar saka njaba angger ora sisip sembir karo pokok ugerané. Budaya Jawa urip bebarengan karo Agama lan Kapitadosan sing ana. Wataking Budaya Jawa sing tansah nggolèki larasé swasana gampang nampa ananing budaya liya.

Sub Budaya Jawa

Jawa Wétanan

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Wetan
Sub budaya Jawa Wétanan iku sing umumé ana ing provinsi Jawa Wétan. Sub budaya iki sebagéyan dipengaruhi budaya Madura lan sebagéyan manèh isih nganut budaya Jawa kuna, Tuladhané kaya déné sing dianut suku Tengger lan suku Osing.

Jawa Tengahan

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Tengah
Sub budaya Jawa Tengahan iku ana ing sisih wétan provinsi Jawa Kulon lan sisih kuloné Jawa Wétan. Umumé dipengaruhi budaya sing urip ning kratonan.

Jawa Banyumasan

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Banyumasan

Sub budaya Jawa Banyumasan iku ana ing sisih kulon provinsi Jawa Tengah. Sub budaya iki luwih prasaja lan nganut nilai-nilai egaliter, cablaka lan baworan.

Thursday, September 25, 2014

Mitoni

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.

Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.

Wednesday, September 24, 2014

Keong mas
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.