LURAH
Swara azan Maghrib lagi bae keprungu gumontang saka mesjid
kidul prptelon. Ora kaya byiasane, surup kuwi Pak Darman trima sembahyang ana
omah. Kamangka padatan panjenengane mesthi tindak mesjid bebarengan karo Bu
Anjani, garwane. Dina iku bu guru sing isih katon ayu senajan wis yuswa kuwi
pinuju repot. Wiwit awan mau panjenengane mung tansah utheg bae ana pawon gawe
jajanan.
Durung rampung nandangi gaweyan ing mburi, Bu Anjani
kaget krungu lawang omahe dithothog saka njaba. Panjenengane nuli
jumangkah mbukak lawang.
“Pak Guru wonten dalem?” ngono pitakone wong lanang gedhe
dhuwur sing brengos lan jenggote katon ketel kuwi bareng Bu Anjani mbukak
lawang.
“Wonten, mangga pinarak mlebet,” sambunge Bu Anjani bareng
ngerti yen tamune kuwi Pak Gono, tanggane nunggal RT.
Ngerti ana tamu, Bu Anjani banjur memburi nggoleki sisihane
sing lagi sembahyang. Jroning batin kebak tandha pitakon, ana apa wong siji
kuwi kok gelem mertamu menyang omahe. Kamangka padatan Pak Gono mono ora nate
sanja. Srawunge wong siji kuwi pancen jembar, nanging yen karo Pak
Darman ora nate gelem nyaba. Sawise dikandhani garwane yen ana wong sing
nggoleki, rampung sembahyang Pak Darman banjur menyang ruwang tamu.
“Sampun dangu Pak Gono?” pitakone Pak Darman kanggo abang-abang
lambe sinambi nyalami tamune.
“Sawatawis wekdal, Pak Guru. Nyuwun pangapunten menawi
ngganggu,” sambunge Pak Gono grapyak.
“Ah mboten dados menapa. Kula malah remen menawi wonten
sedherek ingkang purun mara sanja, saged dipun ajak tukar kawruh.”
Wong loro banjur ngobrol ngalor ngidul. Senajan Pak Darman
ora tau jagongan karo tamune sing isih tangga nunggal RT kuwi, nanging pengalamane
minangka guru njalari panjenengane bisa golek bahan sing kena dianggo
omong-omongan. Semono uga Pak Gono, minangka wong sing jembar srawunge
bisa ngimbangi apa sing dikandhakake dening Pak Darman.
Sawise sawetara wektu anggone padha omong-omong kothong,
Pak Gono banjur wiwit ngandharake rancangane. Dheweke mbombong atine Pak Darman
supaya gelem macung ing pilihan kepala desa sing arep diadani wulan ngarep.
Anggone padha pirembugan saya suwe saya gayeng sawise Bu Anjani
ngladekake unjukan lan camilan.
“Macung dados kepala desa samenika wragadipun kathah,”
Pak Darman nanggapi kandhane tamune kuwi kanthi sareh.
“Panjenengan sampun kesesa nglokro, Pak Guru. Awit
masyarakat sampun sami nyengkuyung,” Pak Gono terus mbombong atine Pak Darman.
“Nanging menawi jago sanesipun mengke nyebar arta, rak
mboten saged angsal suwanten kula.”
“Sampun kalih dasa taun langkung panjenengan dados guru
wonten desa mriki. Sampun kathah murid panjenengan ingkang dados tiyang. Kula
kinten sedaya badhe milih gurunipun tinimbang tiyang sanes menawi panjenengan
majeng. Kasetyanipun murid dhumateng guru kula kinten mboten saged dipun………….
Sumber : Majalah Panjebar Semangat